Jenenge wong lanang angger ngerti randha anyaran kok ora bisa jenjem nunggoni anak bojo. Mulih apa njaluk dak krawu ampas?
Ngabehine praupane malih rada pucet. Mboke Kuncung ngerti dhewe, yen lagi kagol atine, ya ngana kae. Bisa dirujak mengko yen tekan ngomah.“Saka ngendi kowe ngerti yen nyonyahku galak, Ten. Mbok aja gawe-gawe. Aku ora penak yen nganti keprungu wong liya.”
“Iya,” semaure Ngabehine semu mangkel. Kira-kira sapa ya sing tumbak cucukan? Aja-aja iki pokal gawene Agus. Mengkono pandakwane. Aku maneh sing dadi parang tutuhan.“Ya wis kono, isa perang dunia tenanan mengko yen ora digagas!” wangsulane Sarminten sajak ngece. Ngabeheni ora imbal. Dheweke gage-gage kirim balesan menyang ponsele bojone.
“Sik ya Ten, aku dak njupuk sepedha montor mulih dhisik. Kowe ora kena lunga menyang ngendi-ngendi, lho ya!”Ngabehine lagi arep jumangkah, dumadakan Sarminten mbengok banter banget. Gawe kaget wong kang padha liwat ana cedhake kono. Kalebu Ngabehine mesthi wae.“Sapa, Agus maneh? Bocah kok anane mung gawe mangkele wong liya. Mau Juminten wis gagal dak gandheng, apa iki bakal ana lelakon maneh, aku dikiwakke wong wedok gara-gara menungsa sing aran Agus.